ampun dah , pengen nangis rasanya. tapi akhirnya aku udah dapet #SumpahSenengBanget :D
Pawarta Kabudayan Jawa
Merti Dhusun Bintaran
12 July 2011 20:07 WIB
12 July 2011 20:07 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv- Saben
wulan ruwah, warga Dhusun Kring Bintaran, Srimulyo, Pleret, Bantul
ngadani upacara adat merti dhusun minangka pratelan raos syukur awit
kanugrahaning Gusti Ingkang Hakarya Jagat. Kridha kasebat dipun regengaken
kanthi pagelaran kethoprak, kirab budaya, lan dipun pungkasi pagelaran ringgit
purwa.
Lampahing
kirab budaya merti Dhusun Bintaran ing dinten Setu sonten(9/7), kawiwitan
dening iring-iringan bregada prajurit. Merti dhusun punika dipun adani dening
warga Dhusun Bintaran Wetan, Bintaran Kulon lan Cikal, Srimulyo,
Piyungan, Bantul. Maneka wulu wedaling bumi lan tetedhan kanthi dipun wadhahi
jodhang tumut dipun kirab tumuju papan upacara merti dhusun.
Ahmad
Badawi, salah satunggaling sesepuh masyarakat bintaran mratelakaken,
lampah adat merti dhusun punika ajeg dipun adani saben wulan ruwah,
sasampunipun mangsa panen. Ancasing kridha kasebat kangge nelakaken raos
syukur, awit kathahing nugraha lan rejeki saking Gusti Ingkang Hakarya Jagat.
Kejawi punika ugi kangge sarana ngleluri kabudayan, supados boten saya luntur.
Sasampunipun
dumugi ing papan upacara, warga lajeng monjukaken donga sesarengan dipun
pandegani dening satunggaling rois. Salajengipun, sawetawis asil wulu
wedal lan tetedhan ing jodhang dipun rebataken dhateng warga.
Anang Zainuddin
Ngleluri Seni Karawitan
12 July 2011 19:57 WIB
12 July 2011 19:57 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv-
Sinaosa umuripun sampun sepuh, Paguyuban Lansia Kecamatan Gantiwarno, Kabupaten
Klaten ingkang manunggal salebetipun Persatuan Werdatama Republik Indonesia,
PWRI taksih prigel olah seni karawitan. Kridha ingkang dipun lampahi
dening PWRI kedah saged tinulad dening wiranem, jalaran ing tembe
minangka pewaris budaya nuswantara ingkang adiluhung.
Paralansia
rumaos prihatos, awit samangke wiranem minangka pewaris budaya ingkang
adiluhung kirang nresanani kaguanan seni tradisional. Bab punika,
pranyata boten ngirangi gregetipun para sesepuh ingkang manunggal salebeting
Persatuan Wredatama Republik Indonesia, PWRI salebetipun ngrembakaken lan
ngleruri seni karawitan. Ketua PWRI Kecamatan Gantiwarno, Mulyono
mratelakaken, pagelaran seni karawitan dipun ajab saged njurung
wiranem tresna lan purun ngrembakaken maneka kridha kabudayan lan seni
ingkang adiluhung, warisan leluhur bangsa indonsesia. Mulyono kuwatos menawi
wiranem boten mulat dhateng kawontenan, kesenian tradisional bangsa
Indonesia badhe tansaya kadhesuk dening budaya ngamanca, kepara dipun daku
dening bangsa sanes.
Pagelaran
seni karawitan punika mujudaken rerangkening pengetan ambal warsa
Kabupaten Klaten jangkep kaping 207 taun. Mulyono ngajab,
sedaya pehak tumut cawe cawe salebetipun nglestantunaken budaya Nuswantara.
Tim
Liputan
Festival Gamelan 2011
12 July 2011 19:55 WIB
12 July 2011 19:55 WIB
Yogyakarta, www.jogjatv.tv - Yogyakarta Gamelan Festival 2011 ingkang
dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta, malem Setu kala wingi(8/7),
lumampah regeng. Festival ingkang ajeg dipun gelar saben taun ing Ngayogyakarta
punika, ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipun garap dening saben
paguyuban.
Lampahing
kridha taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya Yogyakarta lumampah
regeng. Pasarta ingkang ngregengaken YGF boten namung para pangrawit ingkang
sampun diwasa kemawon, ananging ugi wonten pengrawit ingkang taksih lare.
Tuladhanipun Adkar Java Musik ingkang dipun pandegani dening Joko Mursito.
Sinaosa pengrawitipun taksih lare, pranyata kuwawi damel kepranan
para pamirsa. Garap gendhing ingkang dipun paragani dening lare
cacah 11 punika saged kangge dudutan, bilih taksih wonten lare lare ingkang
nresnani dhateng seni lan budayanipun. Gendhing ingkang dipun garap
antawisipun gamelanak-gamelunik, obah owah lan Istimewa Gelora Jogja.
Kajawi
Adkar Java Musik, festival punika ugi dipun sengkuyung dening Amerika Serikat,
Taiwan, Malaysia, Jepang lan Indonesia, kanthi ngungelaken gendhing ingkang
nyleneh lan mranani.
Afirtha
Diah Apsari-Abdul Maarif
Upacara Bersih Desa
Wonosari
08 July 2011 16:22 WIB
08 July 2011 16:22 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Upacara bersih Desa Wonosari ingkang
dipun adani dinten Rebo siyang(6/7),lumampah regeng.Kanthi mitontonaken maneka
jinis kaskaya seni ing tlatahipun sarta greget mbangun desa,para warga saking
saben padhukuhan ing Desa Wonosari tumut lampah kirab lan upacara adat bersih
Desa Wonosari.
Lampahing
upacara bersih Desa Wonosari kawiwitan kanthi kirab pembangunan,kawiwitan
saking Alun Alun Pemda Wonosari. Bupati Gunungkidul, Badingah sasampunipun
nampi palapuran saking manggala Prajurit Lombok Abang menawi pasarta kirab
sawega dipun bidhalaken,nuli nglebetaken gendera tengara bidhaling kirab.Kirab
pembangunan bidhal,nempuh lampah 2 kilometerlan dipun pungkasi ing Baledesa
Wonosari.
Ing
baledesa,panitia sampun siyaga nampi dhatengipun pasarta kirab.Dumugi ing
baledesa,sedaya pasarta kirab lajeng mlebet dhateng bale.Nalika lampah
kirab,lampahing lalu lintas sawetawis wekdal macet,nanging saged dipun awekani
dening para petugas. Upacara bersih desa ingkang dipun adani saben taun punika
lumampah regeng,lan dipun pungkasi kanthi pangandikan Saking Bupati Gunungkidul
Badingah.
Chandra Saputro
Ruwatan Sukerta Mungkasi
Fky Xxiii
06 July 2011 19:48 WIB
06 July 2011 19:48 WIB
Yogyakarta, www.jogjatv.tv-
Festival Kesenian Yogyakarta – FKY kaping 23 ingkang dipun gelar wiwit tanggal
20 Juni ngantos 5 Juli 2011, malem Rebo kalawingi(5/7), dipun pungkasi kanthi
Gala Angkring Gayeng Kiyi mapan ing Beteng Vredenburg Ngayogyakarta. Kridha
seni budaya ingkang dipun sengkuyung dening langkung saking 100 seniman punika,
ugi dipun regengaken kanthi ruwatan sukerta, kanthi pasarta tetiga Ketua FKY
2011.
Kridha
kasebat dipun regengaken kanthi obrolan angkring, kroncong sarta ruwatan.
Wondene ingkang dipun ruwat para Ketua FKY samangke, inggih punika Timbul
Raharjo, Ryan Budi Nuryanto lan Kristiadi, ingkang saderengipun dipun arak
dening edan edanan binarung musik kroncong. Ruwatan punika gadhah pangajab
supados lampahing FKY ing wekdal candhakipun langkung sae sarta migunani lan
murakabi tumrap masyarakat seni ing Ngayogyakarta.
Kepala
Dinas Kebudayaan DIY, Joko Dwiyanto salebeting pambagyanipun mratelakaken,
maneka kridha kreasi seni lan kabudayan lumampah rancag. Sedaya angkatan
seniman, budayawan lan perajin ing DIY sampun tumut nyengkuyung lampahing
kridha punika, satemah saged ndudut kawigatosanipun masyarakat. FKY
kaping 23 samangke sesirah “Gayeng Kiyi” ingkang tegesipun suwasana regeng
kebak seserepan, kados pangajab lampahing Festival Kesenian Yogyakarta. Joko
Dwiyanto ngajab ing tembenipun saged dipun panggihaken cengkorongan lan rumusan
FKY ingkang trep, satemah saged ndayakaken sedaya seniman ing Ngayogyakarta.
Avinanto
Pagelaran Seni Topeng
Ireng
07 July 2011 18:48 WIB
07 July 2011 18:48 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv - Madrasah Ibtidaiyah Kecamatan Tempel
Kabupaten Sleman salebeting lampah pasinaonipun, kejawi ngrembakakaken babagan
akademi, ugi ngrembakakaken seni budaya tradisional, mliginipun seni budaya
Islami. Lumantar kridha ekstra kurikuler, sekolah ingkang kebawah bebadan Islam
kasebat ugi nggegulang maneka kagunan seni tradisional, ing antawisipun seni
tradisional topeng ireng utawi seni dhayakan.
Kados
makaten punika pagelaran seni tradisional topeng ireng ingkang dipun paragani
dening para siswa Madrasah Ibtidiyah Kecamatan Tempel, nalika kepyakan
wiwitipun Festival Seni Tradisional Islami ing Gedhung Serbaguna Sleman, dinten
Selasa siyang(5/7). Kagunan seni tradisional topeng ireng ingkang ugi sinebat
seni dhayakan punika kapetang langka. Salebeting pagelaran, para paraga
anggenipun njoged katingal lincah lan boten mboseni, satemah saged ndudut
kawigatosanipun para pamirsa.
Minurut
Sumarno, guru seni budaya lan kesenian Madrasah Ibtidaiyah Tempel, seni
tradisional topeng ireng utawi dhayakan ingkang dipun wucalaken dhateng para
siswanipun, manunggalaken seni kubrosiswo lan beladiri pencak silat. Kagunan
seni kasebat nyariyosaken lelampahan gesangipun Aki Sutopo, satunggaling paraga
cikal bakal madegipun Dhusun Ngadinatan, Kecamatan Borobudur, Jawa Tengah.
Sumarno
ugi mratelakaken, lumantar ekstra kurikuler para siswa Madrasah Ibtidaiyah
Tempel, kejawi dipun gegulang seni tradisional topeng ireng, ugi dipun gegulang
seni tradisional sanesipun, kadosta kubrosiswo lan baduwi. Kejawi minangka
sarana dakwah agami Islam, lampah pembinaan seni tradisional Islami kasebat ugi
kangge sarana nglestantunaken kabudayan tilaranipun nenek moyang.
Subardi
Upacara Nyebar Apem Ing
Wulan Sura
10 December 2010 19:38 WIB
10 December 2010 19:38 WIB
Klathen, www.jogjatv.tv -
Kangge mahargya dhatengipun Wulan Sura, warganing masyarakat Klathen, malem
Jemuah kalawingi(9/12), ngestreni lampahing Upacara Nyebar Apem, ing Pasareyan
Bangsal Padoan, Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring Klathen. Upacara adat ingkang
sampun dipun gelar wiwit puluhan taun punika, mengku ancas kangge ngajab
kawilujengan saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Ungeling
gendhing sarta swanten njeblugipun mercon, ngrenggani lampahing Upacara
Adat Nyebar Apem, ingkang dipun gelar ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa
Bulurejo, Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa Tengah. Atusan warga wiwit
saking kalanganing lare ngantos tiyang sepuh, sami kupiya saged ngrebat apem
ingkang dipun sebaraken saking sanginggiling menara pasareyan. Kangge lampahing
adicara kasebat, pehak Panitia nyawisaken apem kathahipun 2 kuintal.
Lampah
adat punika sampun dipun gelar wiwit puluhan taun kapengker, minangka atur Puji
Syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kawilujengan. Kejawi
punika, ugi kangge monjukaken donga dhateng salah satunggaling pepundhen desa,
inggih punika Nyai Setrodiprojo ingkang mujudaken tedhak turunipun leluhur
saking Kraton Mataram, nalika nyebaraken Agami Islam ing tlatah Klathen.
Menggahipun saperangan masyarakat taksih pitados bilih sok sintena kemawon
ingkang kasil ngrebat apem, pramila badhe nampi berkah.
Sasampunipun
lampahing Upacara Nyebar Apem paripurna, kalajengaken Pagelaran Ringgit
Purwa kanthi mendhet lampahan Brantayudo Joyodinangun. Lampahan ringgit punika
nyariosaken kaslipun pandhawa ngawonaken kurawa.
Tim Liputan
Warga Ngadani Upacara
Kejawen
18 March 2011 19:02 WIB
18 March 2011 19:02 WIB
Purworejo, www.jogjatv.tv - Warga Dusun Jambean, Desa Sidorejo,
Purworejo, Jawa Tengah, dinten Kemis siyang(17/3), ngadani upacara adat kanthi
mragat menda kendhit, nyekar dhateng pasareyan pepundhen sarta kenduri.
Lampahing upacara punika kajawi ancasipun kangge nglestantunaken budaya, ugi
minangka sarana ngajab kawilujengan supados sedaya warga Dusun Jambean kalis
saking maneka sambekala mliginipun bebaya longsor.
Samangke
ing wewengkon kasebat kawontenaning sitinipun kathah ingkang mlethek. Satemah
lumantar upacara kasebat warga ngajab saged kalis saking bebaya. Upacara
ingkang dipun gelar inggih punika mragad menda kendhit ingkang sirahipun dipun
petak ing pasiten ingkang mutawatosi longsor. Salajengipun ing wanci
siyangipun, leres jam 12.00 WIB, warga ngintun donga dhateng pasareyanipun Kyai
Legiyo ingkang katelah minangka pepundhen Dusun Jambean. Ing wanci dalunipun,
warga nggelar kenduri sesarengan.
Kejawi
katujokaken kangge ngajab kawilujengan, lampahing upacara kasebat ugi minangka
kupiya kangge nglestantunaken budaya Jawi.
Pambudi
Nugraha
Tidak ada komentar:
Posting Komentar