Minggu, 18 Maret 2012

Pawarta Kabudayan Jawa (:

aku nyari ini tugas hampir seminggu . padahal cuma dikasih waktu seminggu
ampun dah , pengen nangis rasanya. tapi akhirnya aku udah dapet #SumpahSenengBanget :D


Pawarta Kabudayan Jawa




Merti Dhusun Bintaran
12 July 2011 20:07 WIB
Bantul, www.jogjatv.tv- Saben wulan ruwah, warga Dhusun Kring Bintaran,  Srimulyo, Pleret, Bantul ngadani upacara adat merti dhusun minangka pratelan raos syukur awit kanugrahaning Gusti Ingkang Hakarya Jagat. Kridha kasebat dipun regengaken kanthi pagelaran kethoprak, kirab budaya, lan dipun pungkasi pagelaran ringgit purwa.
Lampahing kirab budaya merti Dhusun Bintaran ing dinten Setu sonten(9/7), kawiwitan dening iring-iringan bregada prajurit. Merti dhusun punika dipun adani dening warga  Dhusun Bintaran Wetan, Bintaran Kulon lan Cikal, Srimulyo, Piyungan, Bantul. Maneka wulu wedaling bumi lan tetedhan kanthi dipun wadhahi jodhang tumut dipun kirab tumuju  papan  upacara merti dhusun.
Ahmad Badawi, salah satunggaling sesepuh  masyarakat bintaran mratelakaken, lampah adat merti dhusun punika ajeg dipun adani saben wulan ruwah, sasampunipun mangsa panen. Ancasing kridha kasebat kangge nelakaken raos syukur, awit kathahing nugraha lan rejeki saking Gusti Ingkang Hakarya Jagat. Kejawi punika ugi kangge sarana ngleluri kabudayan, supados boten saya luntur.
Sasampunipun dumugi ing papan upacara,  warga lajeng monjukaken donga sesarengan dipun pandegani dening satunggaling  rois. Salajengipun, sawetawis asil wulu wedal lan tetedhan ing jodhang dipun rebataken dhateng warga.

Anang Zainuddin















Ngleluri Seni Karawitan
12 July 2011 19:57 WIB
Klaten, www.jogjatv.tv- Sinaosa umuripun sampun sepuh, Paguyuban Lansia Kecamatan Gantiwarno, Kabupaten Klaten ingkang manunggal salebetipun Persatuan Werdatama Republik Indonesia, PWRI  taksih prigel olah seni karawitan. Kridha ingkang dipun lampahi dening PWRI kedah saged tinulad  dening wiranem, jalaran ing tembe minangka  pewaris budaya nuswantara ingkang adiluhung.
Paralansia rumaos prihatos, awit samangke wiranem minangka pewaris budaya ingkang adiluhung kirang nresanani  kaguanan seni tradisional.  Bab punika, pranyata boten ngirangi gregetipun para sesepuh ingkang manunggal salebeting Persatuan Wredatama Republik Indonesia, PWRI salebetipun ngrembakaken lan ngleruri seni karawitan. Ketua PWRI Kecamatan Gantiwarno, Mulyono mratelakaken,  pagelaran seni karawitan dipun ajab saged njurung  wiranem tresna lan purun  ngrembakaken maneka kridha kabudayan lan seni ingkang adiluhung, warisan leluhur bangsa indonsesia. Mulyono kuwatos menawi wiranem boten mulat dhateng kawontenan,  kesenian tradisional bangsa Indonesia badhe tansaya kadhesuk dening budaya ngamanca, kepara dipun daku dening bangsa sanes.  
Pagelaran seni karawitan punika mujudaken rerangkening pengetan  ambal warsa  Kabupaten Klaten jangkep kaping   207 taun.  Mulyono ngajab, sedaya pehak tumut cawe cawe salebetipun nglestantunaken budaya Nuswantara.


Tim Liputan















Festival Gamelan 2011
12 July 2011 19:55 WIB
Yogyakarta, www.jogjatv.tv - Yogyakarta Gamelan Festival 2011 ingkang dipun gelar ing  Taman Budaya Yogyakarta, malem Setu kala wingi(8/7), lumampah regeng. Festival ingkang ajeg dipun gelar saben taun ing Ngayogyakarta punika, ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipun garap dening saben paguyuban.
Lampahing kridha taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya Yogyakarta lumampah regeng. Pasarta ingkang ngregengaken YGF boten namung para pangrawit ingkang sampun diwasa kemawon, ananging ugi wonten pengrawit ingkang taksih lare.  Tuladhanipun Adkar Java Musik ingkang dipun pandegani dening Joko Mursito. Sinaosa pengrawitipun taksih lare, pranyata kuwawi damel kepranan para   pamirsa. Garap gendhing ingkang dipun paragani dening lare cacah 11 punika saged kangge dudutan, bilih taksih wonten lare lare ingkang nresnani dhateng seni lan budayanipun. Gendhing ingkang dipun garap  antawisipun gamelanak-gamelunik, obah owah lan Istimewa Gelora Jogja.
Kajawi Adkar Java Musik, festival punika ugi dipun sengkuyung dening Amerika Serikat, Taiwan, Malaysia, Jepang lan Indonesia, kanthi ngungelaken gendhing ingkang nyleneh lan mranani. 

Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif
















Upacara Bersih Desa Wonosari
08 July 2011 16:22 WIB
Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Upacara bersih Desa Wonosari ingkang dipun adani dinten Rebo siyang(6/7),lumampah regeng.Kanthi mitontonaken maneka jinis kaskaya seni ing tlatahipun sarta greget mbangun desa,para warga saking saben padhukuhan ing Desa Wonosari tumut lampah kirab lan upacara adat bersih Desa Wonosari.
Lampahing upacara bersih Desa Wonosari kawiwitan kanthi kirab pembangunan,kawiwitan saking Alun Alun Pemda Wonosari. Bupati Gunungkidul, Badingah sasampunipun nampi palapuran saking manggala Prajurit Lombok Abang menawi pasarta kirab sawega dipun bidhalaken,nuli nglebetaken gendera tengara bidhaling kirab.Kirab pembangunan bidhal,nempuh lampah 2 kilometerlan dipun pungkasi ing Baledesa Wonosari.
Ing baledesa,panitia sampun siyaga nampi dhatengipun pasarta kirab.Dumugi ing baledesa,sedaya pasarta kirab lajeng mlebet dhateng bale.Nalika lampah kirab,lampahing lalu lintas sawetawis wekdal macet,nanging saged dipun awekani dening para petugas. Upacara bersih desa ingkang dipun adani saben taun punika lumampah regeng,lan dipun pungkasi kanthi pangandikan Saking Bupati Gunungkidul Badingah.

Chandra Saputro















Ruwatan Sukerta Mungkasi Fky Xxiii
06 July 2011 19:48 WIB
Yogyakarta, www.jogjatv.tv- Festival Kesenian Yogyakarta – FKY kaping 23 ingkang dipun gelar wiwit tanggal 20 Juni ngantos 5 Juli 2011, malem Rebo kalawingi(5/7), dipun pungkasi kanthi Gala Angkring Gayeng Kiyi mapan ing Beteng Vredenburg Ngayogyakarta. Kridha seni budaya ingkang dipun sengkuyung dening langkung saking 100 seniman punika, ugi dipun regengaken kanthi ruwatan sukerta, kanthi pasarta tetiga Ketua FKY 2011.
Kridha kasebat dipun regengaken kanthi obrolan angkring, kroncong sarta ruwatan. Wondene ingkang dipun ruwat para Ketua FKY samangke, inggih punika Timbul Raharjo, Ryan Budi Nuryanto lan Kristiadi, ingkang saderengipun dipun arak dening edan edanan binarung musik kroncong. Ruwatan punika gadhah pangajab supados lampahing FKY ing wekdal candhakipun langkung sae sarta migunani lan murakabi tumrap masyarakat seni ing Ngayogyakarta.
Kepala Dinas Kebudayaan DIY, Joko Dwiyanto salebeting pambagyanipun mratelakaken, maneka kridha kreasi seni lan kabudayan lumampah rancag. Sedaya angkatan seniman, budayawan lan perajin ing DIY sampun tumut nyengkuyung lampahing kridha punika, satemah saged ndudut kawigatosanipun masyarakat.  FKY kaping 23 samangke sesirah “Gayeng Kiyi” ingkang tegesipun suwasana regeng kebak seserepan, kados pangajab lampahing Festival Kesenian Yogyakarta. Joko Dwiyanto ngajab ing tembenipun saged dipun panggihaken cengkorongan lan rumusan FKY ingkang trep, satemah saged ndayakaken sedaya seniman ing Ngayogyakarta.

Avinanto















Pagelaran Seni Topeng Ireng
07 July 2011 18:48 WIB
Sleman, www.jogjatv.tv - Madrasah Ibtidaiyah Kecamatan Tempel Kabupaten Sleman salebeting lampah pasinaonipun, kejawi ngrembakakaken babagan akademi, ugi ngrembakakaken seni budaya tradisional, mliginipun seni budaya Islami. Lumantar kridha ekstra kurikuler, sekolah ingkang kebawah bebadan Islam kasebat ugi nggegulang maneka kagunan seni tradisional, ing antawisipun seni tradisional topeng ireng utawi seni dhayakan.
Kados makaten punika pagelaran seni tradisional topeng ireng ingkang dipun paragani dening para siswa Madrasah Ibtidiyah Kecamatan Tempel, nalika kepyakan wiwitipun Festival Seni Tradisional Islami ing Gedhung Serbaguna Sleman, dinten Selasa siyang(5/7). Kagunan seni tradisional topeng ireng ingkang ugi sinebat seni dhayakan punika kapetang langka. Salebeting pagelaran, para paraga anggenipun njoged katingal lincah lan boten mboseni, satemah saged ndudut kawigatosanipun para pamirsa.
Minurut Sumarno, guru seni budaya lan kesenian Madrasah Ibtidaiyah Tempel, seni tradisional topeng ireng utawi dhayakan ingkang dipun wucalaken dhateng para siswanipun, manunggalaken seni kubrosiswo lan beladiri pencak silat. Kagunan seni kasebat nyariyosaken lelampahan gesangipun Aki Sutopo, satunggaling paraga cikal bakal madegipun Dhusun Ngadinatan, Kecamatan Borobudur, Jawa Tengah.
Sumarno ugi mratelakaken, lumantar ekstra kurikuler para siswa Madrasah Ibtidaiyah Tempel, kejawi dipun gegulang seni tradisional topeng ireng, ugi dipun gegulang seni tradisional sanesipun, kadosta kubrosiswo lan baduwi. Kejawi minangka sarana dakwah agami Islam, lampah pembinaan seni tradisional Islami kasebat ugi kangge sarana nglestantunaken kabudayan tilaranipun nenek moyang.

Subardi












Upacara Nyebar Apem Ing Wulan Sura
10 December 2010 19:38 WIB
Klathen, www.jogjatv.tv - Kangge mahargya dhatengipun Wulan Sura, warganing masyarakat Klathen, malem Jemuah kalawingi(9/12), ngestreni lampahing Upacara Nyebar Apem, ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring Klathen. Upacara adat ingkang sampun dipun gelar wiwit puluhan taun punika,  mengku ancas kangge ngajab kawilujengan saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Ungeling gendhing sarta swanten njeblugipun mercon,  ngrenggani lampahing Upacara Adat Nyebar Apem, ingkang dipun gelar ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo,  Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa Tengah. Atusan warga wiwit saking kalanganing lare ngantos tiyang sepuh, sami kupiya saged ngrebat apem ingkang dipun sebaraken saking sanginggiling menara pasareyan. Kangge lampahing adicara kasebat, pehak Panitia nyawisaken apem kathahipun 2  kuintal.
Lampah adat punika sampun dipun gelar wiwit puluhan taun kapengker, minangka atur Puji Syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kawilujengan. Kejawi punika, ugi kangge monjukaken donga dhateng salah satunggaling pepundhen desa, inggih punika Nyai Setrodiprojo ingkang mujudaken tedhak turunipun leluhur saking Kraton Mataram, nalika nyebaraken Agami Islam ing tlatah Klathen. Menggahipun saperangan masyarakat taksih pitados bilih sok sintena kemawon ingkang kasil ngrebat apem, pramila badhe nampi berkah.
Sasampunipun lampahing Upacara Nyebar Apem paripurna,  kalajengaken Pagelaran Ringgit Purwa kanthi mendhet lampahan Brantayudo Joyodinangun. Lampahan ringgit punika nyariosaken kaslipun pandhawa ngawonaken kurawa.

 Tim Liputan













Warga Ngadani Upacara Kejawen
18 March 2011 19:02 WIB
Purworejo, www.jogjatv.tv - Warga Dusun Jambean, Desa Sidorejo, Purworejo, Jawa Tengah, dinten Kemis siyang(17/3), ngadani upacara adat kanthi mragat menda kendhit, nyekar dhateng pasareyan pepundhen sarta kenduri. Lampahing upacara punika kajawi ancasipun  kangge nglestantunaken budaya, ugi minangka sarana ngajab kawilujengan supados sedaya warga Dusun Jambean kalis saking maneka sambekala mliginipun bebaya longsor.
Samangke ing wewengkon kasebat kawontenaning sitinipun kathah ingkang mlethek. Satemah lumantar upacara kasebat warga ngajab saged kalis saking bebaya. Upacara ingkang dipun gelar inggih punika mragad menda kendhit ingkang sirahipun dipun petak ing pasiten ingkang mutawatosi longsor. Salajengipun ing wanci siyangipun, leres jam 12.00 WIB, warga ngintun donga dhateng pasareyanipun Kyai Legiyo ingkang katelah minangka pepundhen Dusun Jambean. Ing wanci dalunipun, warga nggelar kenduri sesarengan.
Kejawi katujokaken kangge ngajab kawilujengan, lampahing upacara kasebat ugi minangka kupiya kangge nglestantunaken budaya Jawi.

Pambudi Nugraha

senyawa kimia

ini tugas sekolahku, iseng aja aku post
siapa tau 'someday' banyak yang nyari ini :)


1.      Senyawa asam lemah
                              Hf   (asam florida)
                                HCN  (asam sianida)
                               CH3COOH (asam asetat)
                               H2S (asam sulfide)
                                H2CO3 (asam karbonat)
                                H2SO3 (asam sulfit)  
                             H3PO4 (asam posfat)
2.     Senyawa asam kuat
       HCl (asam klorida)
        HBr (asam bromida)
         HI (asam yodida)
        HNO3 (asam nitrat)
         H2SO4 (asam sulfat)
         HClO3 (asam klorat)
      HClO4 (asam perklorat)
      HF

3.     Senyawa basa lemah
         KOH (kalium hidroksida)
         Ba (OH)2 (barium hidroksida)
        CsOH (cesium hidroksida)
         NaOH (natrium hidroksida)
        Sr(OH)2 (stronsium hidroksida)
         Ca(OH) (kalsium hidroksida)
         LiOH (litium hidroksida)
         RbOH (rubidium hidroksida)
         NH3
         NH4OH

4.     Senyawa basa kuat
         NH4OH
         Al3 (OH)
        Mg (OH)2
         NaOH
         KOH
         Al (OH)3
         Fe(OH)3
         Be (OH)2
         Fe (OH)2

5.   Senyawaa elektrolit lemah
         CH3COOH
         Al (OH)3
         NH3
        NH4OH
         H2S
         HF
         HNO
         H2O
         H2O
         HCN

6.    Senyawa elektrolit kuat
         HCl
         HNO3
         HClO4
         H2SO4
         NaOH
         Ba (OH)2
         KCl
         HNO3
         KOH
        MgCl2

7.    Senyawa kovalen
         Gula
         Kafein
         Nikotin
       Aspartam
        Tannin

8.     Senyawa kovalen polar
         HCl
         HBr
         NH3
         H2O
         PCl3
         CH3COOH
         NH3
         C2H5OH
         H2O
         CO2
         CCl4
         BeCl2
         BeCl3

9.     Senyawa kovalen non polar
      CH3CO2
         BeCl3
         BeCl4
         C2H6
        CH4
         H2
         O2
         Br2
        CO2
         F2

10.   Senyawa ion
         NaCl
         MgCl2
         MnO
         FeO
         LiCl
        MgS